Senin, 03 Juni 2013

Urip iku timbal balik

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Wa As-Salamu 'Ala Raslulillah,


 Wong iku sak tandurane, nandur jagung yo ngunduh jagung nandur duren yo ngunduh duren , ojo nandur jagung trus arep-arep ngunduh duren

- Sampean duwe atasan ko menghormati mangke sampean dadi atasan yo dihormati karo bawahanmu .
Wonten sejarah niku ono wong arep dadi rojo mateni rojo seng wes ono ,bareng dewek e dadi rojo yo arep di pateni wong seng arepe dadi rojo. niku sejarahe ken arok ken dedes ken ngetan ken ngulon wehehe

- Ngabektio nang wong tuamu , sampean duwe anak , anak e sampean mengko bakal ngabekti nang sampean
Ngoten niki pun HUKUM mulai nabi adam sampek adam jurdan yowes ngunu iku

Ono wong tuo sowan ten gene pak kyai , ''Pripun niki yi,anak kulo niku nuakal kalih wong tuo ,wani ,lek ngomong kasar'', pak kyaine ngendiko , ''PUN ojo dowo-dowo aku tak takok , sampean biyen karo wong tuane pripun....''? Wehehe njih yai kulo siyen kalih wong tuo rodok kuarng ajar...... ''Lalek sampean biyen karo wong tuo kurang ajar ,sak iki ko di kurang ajari anak mestine yo ALHAMDULILLAH mergo tandurane sampea TUKUL''

Njih nopo njih poro sederek.........?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....