Senin, 03 Juni 2013

Syarate dadi wong apik

Bismillahirahmanirahim....
Bismillah, Wa al-Hamdu Lillah,
Wa as-Shalatu Wa As-Salamu 'Ala Raslulillah,

Poro pemaos inkang minulyo
Seng sopo wonge kepingin dadi wong apik, Siji kudu ngulinakno apik , Kapindone gelem ngaji , Kaping telune , Ojo eiling-eling elek e wong ... njih sak jane katah ,tapi mangke kedawan kesel leh moco , admine kesel leh ngetik wehehe....

1. Ngulinak no apik .
Ngulinakno apik niki boten saget di enyang , Raenak yowes pokok e di kulinak no mengko lak enak dewe, kulo jenengan jih lek kepingin dadi wong iklas ojo mikir iklas,seng penting iku ngulinakno disek nyah nyoh la mangke lek pun lancar baru di setel iklase, lek kulo jenengan ngenteni iklas kapan maneh sodakohe...? Ibarate kulo jenengan niku lek numpak sepeda onthel blajaran ojo ngenteni tegen, ra tegen yowis mobat mabit yowis sui-sui malih tegen , kulo jenengan niku lek sholat ora usah ngenteni kusyuk, ra kusyuk yowis seng penting sholatte seng sregep mangke suwe-suwe kusyuk dewe di stel kalih gusti Allah.
Dadose kedah kulino, Sebab nopo-nopo lek boten di kulinak no barang gampang koyo opo malih dadi angel ,barang entheng malih dadi abot.

2. Kulo jenengan lek kepingin dadi wong apik kudu gelem ngaji : NGAJI (Ngatur jiwo dandani ati). Ngaji iku PENTING ojo seng PENTING ngaji , Sebab nopo ko kudu ngaji...? Apik iku nglakoni perintah ninggal larangan, kulo jenengan kapan iso nglakoni perintah lek boten ngerti opo seng di perintah ,kapan iso ninggal larangan yen ora ngerti opo seng di larang, mulane gelem ora gelem lek kepingin dadi wong apik kudu ngaji. Kanjeng nabi dawuh :
''Menungso nang dunyo iki seng iso dadi wong apik iku wong loro (2) , siji wong alim seng nomer loro wong gelem ngaji'' , lek gak alim ora gelem ngaji ora ono apik e, dang apik tekan ngendi wong ora ngerti barang apik,ono wong iku ibadahe kuenceng ,trus ora gelem ngaji yo tetep ora iso apik , ibaratte conto :
Ono juragan duwe anak buah, juragan niku ajenge gadah gawe trus ngongkon anak buahe blonjo nang pasar, jenenge arep duwe gawe blonjone gedhe ,gulo sak kintal,lombok 10kg,lengo sak drim lan liyo liane akeh tenan, la tibak e anak buahe mau langsung budal nang pasar gowo duwet tapi ora gowo catetane,juragane takok ,'' LA KACUNG MAU NANG DI..?'' Nang pasar e pak , ''LOH LA NYAPO..?'' la jarene di kon blonjo , ''IYO LA IKI CATETANE KO ORA DI GOWO...'' , ora jenene mau seng penting blonjo , . eh...eh juragane mau suedih la iki mengko seng di blonjo opo....?
Yo blonjo nang pasar ancene di kongkon manut tapi ora gowo perintah larangane ora di sinaoni, akhire mulih seng di gowo , mercon , layangan , pacul , uli , nekeran , samplok , cenil ,..Ono blonjo dang ngawur ngunu iku kiro-kiro di seneni juragan opo ora...?
Yo sedulur, podo bareng nggolek ilmu.
Kanti teratur, lan ojo nganti keliru
Ilmu kanggo ngatur donya iku perlu
Kang ngatur akhirat ya kudu diburu

Mulane lek kepingin dadi wong apik kudu ngaji , lek ora ngaji ora iso dadi wong apik. saking pentinge ngaji gusti Allah niku kirim guru,,,sopo rupane ..? yoiku poro nabi, sedoyo nabi niku tenaga-tenaga pengajar kirimane gusti Allah

3. Ingkang nomer 3 .ojo eiling-iling elek e wong, tapi eilingo apik e wong,
Elek e wong iku lek di eiling-iling mlebu nang ati trus timbul dadi tanduran elek akhire malih dadi wong elek , tapi yen eiling apik e wong , apik e wong iku lek di eiling-iling mlebu nang ati tukul dadi tanduran apik, akhire yo dadi wong apik , mulane akeh wong iku arep apik trus ora sido mergo eling elek wong , conto "Arep silaturahmi nyembung sedulur , bareng wes arep budal kelingan lek seng arep di parani tau gelakno ati akhire trus (wurung) g sido silaturahmi .
Ora ono seng seneng eiling apik e wong kejobo iku wong apik , lan ora ono seng seneng eiling elek e wong kejobo iku wong seng elek .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....