Senin, 03 Juni 2013

Penyakite menungso

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Wa As-Salamu 'Ala Raslulillah


 Kulo panjenengan niku gadahi penyakit , penyakit seng sering ngrusak kulo jenengan , nopo penyakite....?

Kulo jenengan niku seneng nuturi ketimbang di tuturi , seneng ngelikno ketimbang di eilikno ..

Akhire rebutan ngelingno ketimbang di eilikno (gak rebutan jaluk di eilingno)

=> Niku seng damel GEGERAN , OYOK-OYOK AN . CUNGKRAH .
''KESOMBONGAN SENG NGUASANI ATI KULO JENENGAN

Ilmune kulo yakin panjenengan sampun nyrepi
yakni ''YEN RUKUN IKU GAWE TENTREM SANTOSO , YEN CRAH GAWE BUBRAH'' tapi praktek ke niku seng Angel ,

Termasuk ingkang sampun kulo aturaken ten nginggil kolo wau , ojo rebutan ngelengne tapi rebutano di eling ne , sabab manungso iku panggonane lali karo salah , seng penting ora lali terus ora salah terus wehehe

luwih becik guyub bebrayan
lan gotong royong kabeh gawean
ojo do ureg padu sulayan
banget sarune yen mireng liyan

Luwih becik do tepo seliro
dadi wong tuwo sugih ngapuro
dadi wong nom dugo kiro
siji-sijine jo gawe loro

duh gusti kula nuhun pangapunten
Sekatae dosa kula ingkang wonten
Gede cilik dosa ati dosane badan
Mugi kersa ngampura gusti pangeran
Allahuma Amiiiinnn......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....