Senin, 03 Juni 2013

Nutup AURAT

Renungan kanggo dulur-dulurku wadon , iki di gatek ke wehehe

Bismillah,
Monggo kito angen-angen , modele klambi ne wong lanang iku sak ngerti kulo yo ngunu-ngunu iku , baju taqwa enek kerahe karo ora , hem ,jaz , SARUNG iku kat biyen yo ngunu-ngunu wae modele, ora ono sarung seng model ngepres.

Cubo wong wadon modele , Ono seng mexi , di pendet saking kata maximal (maximem) dowo sak polok
- Seng ngisor dengkul ngunu kae arane midi di pendet saking kata medium (dowo ora cendek ora)
- la seng cuekak ngunu kae arane mini di pendet saking kata minimal (minimem) seng modele sak kilan mulo di arani rok mini ,
- tapi sak kilan jik ketok maneh iku arane minthul wehehe

Kulo boten maido wong macak ngunu , soale pun dugi zamane , tapi wong wadon-wadon iku podo bangga ora rumongso salah malah ngeroso dewek e berprestasi ''Aku paling maju (GAUL) daripada seng ora gawe rok mini''

''Wong seng sombong iku ,wong seng ngerti yen iku bener ananging macak (gaya) ora weruh''

Ngerti yen KEWAJIBAN ne nutupi AURAT ( yoiku kabeh awak e kecuali mung wajah lan tangane)

Tapi jare malah ngeleeess.... ''LAJENG KULO KEDAH BEJO WOW NGOTEN''
alesane '' Seng penting iku atine disek seng di jilbab pi''

=> EMANGE ATIMU AUROT.....?
Gusti Allah iku mrintahe nutup aurat dudu nutup ati , ngunu ya nduk cah ayu
Karondene seng arep nyawang atimu iku sopo...? (Kurang timen gawean wehehe)

Ngesak no dulur-dulur iku khususe kaum ADAM yen nyawang aurate sampean iku mesti kebayang-bayang pikirane grambyang ora karu-karuan , Sak kuat-kuat wong lanang iso jogo pandangane ,TETEP wae wong jenenge MENUNGSO . (Iman kuat ,imro' e ui piye...)

Tapi atimu njih sinten seng sumerep ,Namung Gusti Allah , bedo kalih aurat , Aurat iku urusane kalih Allah lan Manungso nang kiwo tengenmu.....

Wehehe,,,sak derenge kulo nyuwun ngapunten lho kagem mbak yu sedoyo,,,menawi dipun trampi njih Alhamdulillah menawi boten njih boten nopo-nopo ,kulo namung eilik-eilik pun gugur kewajiban kulo wehehe....piss

Lek bab ngoten2 niki (zino) bagiane wong wadon , tapi lek bab maling bagiane wong lanang ,ten kitabpe ngoten
Wallahu a'lam

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....