Senin, 03 Juni 2013

TRANSFORMASI BUDAYA

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

 

 Yen kito perhatek ne, wong deso iku paling raket yen nglakoni agomo ,niru akhaq + tindak lampahe kanjeng nabi di banding no wong kuto, pengalamane kalah karo wong kuto ,tapi pengamalane isih menang wong deso.

Yen ono tanggane soyo (ngedek ne umah) , tansah gotong royong guyup rukun bantu , padahal ora melu ngenggoni

Yen ono wong mertamu di suguh ne ngombe lan panganan , kadang-kadang ora o suguh nanging kok gupuh (iku lagune wong deso) masio ora kenal.

Yen ono tonggone kepaten , ngewangi bantu keluargane ,kadang ono seng nyumbang gowo beras ,duwet lan liyo liyane

Hal-hal seng koyo mengkono mau angel kito sumerepi ono ing kuto , justru seng akeh-akeh iku malah suwalik e, mungguh-mungguh yen kito mertamu , ojo heran yen di takok i '' KTP NE ENDI?''

SAK IKI kito kedah prihatin , ono kecenderungan budoyo kuto seng di gowo nang deso. Ajine akhlaq seng mulyo di ganti prilaku matrealistis lan egois.

kados pundi tanggepanipun sederek sedoyo ?

Status meniko terinspirasi saking ceramah Gus Mus

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....