Senin, 03 Juni 2013

PACARAN MITURUT ISLAM YOIKU OLEH

Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Wa as-Shalatu Was-Salamu 'Ala Raslulillah,

CINTA : Cinta iku lembut ora biso di delok tapi ketoro ora biso di umpetno

Pacaran : wong loro lanang wadon dudu sanak dudu kadang mlaku-mlaku bareng, terus rembugan ngiket janji kepengin urip bebrayan, <== PREKETHEK ....
Pacaran iku tuker menuker kemunafikan lan kebohongan CONTO : Aku ngerti opo seng ono ing jero atimu lan sampean ngerti opo seng ono ing jero atiku ( emange bakol daging pow ) , lek wes kadung cinta jare TAI kucing rasa COKLAT ( enek toh tai kucing rasa coklat ) wehehe

Banjur tukul pitakonan . OPO OLEH PACARAN MITURUT ISLAM ....?
Poro pemaos ingkang minulyo , pun katah hadist lan buku-buku ingkang bahas bab meniko , banjur dospundi...? Nopo oleh pacaran miturut agomo islam ? JAWABpane NJIH ANGSAL..!

Tapi ono syarate, yakni kudu DI HALALNO disek hubungane nganggo coro YOIKU NIKAH , pacaran ten genne islam niku malah di anjurno yen sak bakdane nikah pun HALAL , hukum pacaran ten islam HARAM yen di lakoni sak durunge nikah , soale sanes mukhrim ,mrawasi yen pacaran trus mengko nyedak i zino...

NIKAH yoiku ikatan kang suci amargo wong loro kang beda jenis bakal urip bareng kanthi restu agomo , sedulur lan masyarakat

-. Aqad nikah jroning Islam ana 2 perkoro "ijab lan qabul". Kanthi 2 perkoro iki bisa ngrubah reregetan dadi kesucian, maksiat dadi ibadah, dosa dadi amal sholeh. Aqad nikah dudu mung perjanjen antarane wong loro, tapi uga perjanjen antarane makhluk allah karo AL-KHALIQ

''SENG SOPO WONGE PERCOYO NANG ALLAH LAN DINO AKHIR , mula ojo dheweke ngloro-loronan karo wadon sing dudu mukhrime amargo sing ketelune neng wayah kuwi yoiku setan.”

=> Dadine seng di maksud pacaran seng islami yoiku pacaran seng sak wise NIKAH

Arek lanang zaman sa'iki , ganteng-ganteng ora gelem ngaji , seneng ngluyur awan bengi , yen pacaran nomer siji....

Bucah wadon zaman sa'iki ,ijik cilik wes podho rabi , sebab pe lek gak dang rabi , kedisik an wetenge gedhi , kedisik an gendhong bayi...

Eman lo wong ngaji, campur lanang wadon
Campur lanang wadon, lamun dudu mahrom
Biso biso malah, nglakoni sing harom
Ilmu gak manfa'at, rusak malah klakon

Lanang karo wadon, manggon sepi sepi
Nyanding senggal senggol koyok kebo sapi
Ngunu kuwi duso, nurut poro nabi
Ojo di terusno, yen durung di rabi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

monggo masukan , kritik , saran kagem admin luoorr.....